Kamis, 12 Agustus 2010

Susu dele (di warung pojok)

susu dele nggo selingan yo mas yo
manfaate apik tenan nggo raga
ayo ngunjuk saben ndino
mula mengko kita nyoba


piye nggawene, piye carane
apa bahane
sing perlu dicawisake


kedelene mung sak kilo okehe
wolung liter nganggo banyu panase
jahe pandan nggo wangine


gula putihe telung ons wae
gula jawane limang ons wae
aja lali tambah uyahe


delene dicuci disik sing resik
aja lali dikom swengi suwene
banjur buang kulit arine


nggodog banyu nganti umop
dele mlebu sepuluh menit lawase
njur digiling lan disaring


santen delene digodog
tambah gula uyah jahe lan pandan
tunggu nganti kabeh umop

Tidak ada komentar:

Posting Komentar